Para
pandherek agama islam wonten ing Indonesia dipunsebaraken inggih punika kanthi
labuh labetipun para walisanga. Anggenipun nyiaraken agami islam, para ulama
mboten ngginakaken cara peperangan utawi
peksan ananging mawi cara nglebetaken islam wonten ing seni budaya, adat
istiadat, ugi tradisi masyarakat. Salah satunggaling bukti ingkang tasih dumugi sak menika inggih menika
“wayang”.
Wayang
dipunginakaken sunan kalijaga kagem media dakwah islam wonten ing zaman
walisongo. Kejawi dados panglipur ugi wonten cariyos ingkang baku, lan ugi
dados media komunikasi lan sedaya babagan pagesangan, sahinggo saged ndidik
masyarakat wonten ing babagan kepribadian, kearifan, kewicaksanan, lan
sanes-sanesipun.
Dedeg
piyadegipun mratelakaken watak wayang punika piyambak. Salah satunggaling conto
inggih punika “buta cakil” ingkang kagungan watak iri, dengki, jahil,
praupaning abang branang perlambang seneng duka, netranipun sipit mratelakaken
kirang bloko (terbuka), tutukipun ombo mratelakaken priyayinipun sombong, demen
ngendikan ingkang mboten sae, suantenipun alit gagap, padharanipun mblendhing
seneng usil ngganggu dening liyan.
Kosok
wangsulipun inggih menika “bimo” ingkang dedegipun inggil ageng, gagah prakosa,
ingkang mratelakaken pantang mundur, tegas, lan prasaja. Praupanipun ndingkluk cemeng
mratelakaken sifat saestu jujur kalem, sederhana lan sanesipun.
Pagelaran
wayang tansah kairing piranti gamelan. Gamelan dipun ciptakaken dening
sunankalijaga. Wonten ing riwayat gamelan ingkang kawitan dipun damel lan dipun
unggalaken wonten ing pembangunan mesjid demak. Gamelan kolowau saking para
wali dipun paring asma, bonang, saron, kempul, kenong, peking, kendhang,
genjur, rebab, lan sapanunggalipun.
Source : Tugas bahasa jawa Ghea Adhiasmara Putri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar